Belanjalah di RAStore

Belanjalah di RAStore
Murahnya sampai cocok dijual lagi

Jula-Juli

Manuk e manuk e manuk prenjak
Manuk prenjak menclok neng tunggak
Onok prawan ayu rokan cekak
Bareng weroh aduh manuk ku ndangak

Manuk e manuk e manuk cipret
Manuk cipret buntute sak ipret
Onok rondo tuwek atine sumpek
Bareng weroh aduh..manuk ku puret

Sego pecel diadai pencuk
Godong turi digawe rabuk
Aku mangkel sebab gak tuwuk
Lagek mulai dadak wes nglentuk

Mlaku-mlaku ning tugu
Nemu duwe seket ewu
Saiki dino minggu
Ayo podo guyu

Kang gareng irunge ndungkek
Katok ireng gae telesan
Gelang geleng gak duwe duwek
Cilang cileng tolek tegesan

Awan awan jok mangan nongko
Mangan nongko dicapur micin
Dadi prawan jok ngenyek joko
Joko saiki mengandung vitamin

Unyil unyil unyil Usrok
Nang kali ngumbah katok
Mlakune loh lak loh lok
Sing ngidung pancen pekok

Tuku krupuk gawe pakan wedus
Wedus turu anake limo
Nek isuk gak tau adus
Tangi turu langsung budal kerjo

Mangan bakmi anget anget
Dipangan karo lombok abang
Bengi bengi kok adus kringet
Mari sumo karo wong jepang

Tuku lombok diwadai kranjang
Nyewo trek gawe momot kawul
Arek wedok gak athek semayan
Bareng mbedel gedek ketiban pacul

Gawe gelung nang peteng peteng
Wis bengi lawang gak dikancing
Petang tahun bojo gak meteng
Tibake lali buka resliting

Uwur uwur kodok segoro
Kodok segoro gak tau adus
Gak arep dulur gak arep tonggo
Ndang olehno dibuntel dibuntel kerdus

Numpak becak nggowo radiotor
Tak dandakno sebab e bocor
Selain lawak kulo niki pegawe kantor
Kantor urusan tanah, tapi tanah lonsor

Aku tau dadi kemanten anyar
Mulo bojoku tak sayang-sayang
Tak turokno kasur tak bantali tangan
Bareng aku disengkor tak gepok kancinge lawang

Temulawak digawe jamu
Kayu jati rupane wungkul
Duwe awak ojok lemu-lemu
Besuk nek mati tonggone gak kuat mikul

Nyekel palu ketiban boto
Boto papat diguyang lengo
Anak wis telu ndang tobato
Nek gak tobat kejegur neroko

Menyang Sugio numpak prau
Nang Suroboyo tuku komputer
Bocah sekolah kudu sinau
Supoyo gede dadi pak dokter

Ali-ali tumumpang kasur
Elingo larang regane
Ojok lali karo pahlawan sing gugur
Elingo akeh jasane

Malam minggu bulan grahono
Hawane adem anake turu
Bojo turu ndang guhaono
Nek gak gelem guyangen banyu

Mikul klopo karo mlayu
Mari striko ndang lempitono
Bojo kerjo moleh dalu
Nek wis teko ndang adusono

Isuk isuk moco jawapos
Brita diwoco akeh iklane
Isuk isuk kok cangkruk nang pos
Arep moleh wedih bojone

Mbeber kloso karo mangan kripik
Gelas utah pecah belinge
Ditarik blonjo ojo malang kerik
Bengi gak dijatah kumat ayane

Mangan sego iwake tempe
Kadung tak gudo kumat ayane

Nyitak boto oleh rong ewu

Bojoku sing kerjo aku sing turu

0 comments:

Post a Comment